Memayu Hayuning Bawana
Memayu Hayuning Bawana
Friday, July 25, 2003
wuah...
beginilah jadinya... akibat di rayu sama mamanya katja sama mamanya salma disuruh bikin blog2an..
dadine ya ngene ikiy... sak anane... hahha..
wis pokok'e ngeblog.. matur sembah nuwun kagem Mbak Ninda & Salma, Pingkan, David cumi, kaliyan putuku Katja.
Terima Kasih udah dibantuin bikin weblog, di ajarin segalanya.
:)


posted by suket at 11:07 PM


Thursday, July 24, 2003
Gontèng didhawuhi nampiki pelamar.

G : Kowe biso main Internet ?
F : mBoten
G : Kowé ora Ketompo
F : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
F : Wah, sakjanipun nggih saget
G : Tambah ora ketompo
F : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi mung ora nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to ? Ngenték-entekké pulsa !


G : Kowé mau mréné numpak opo ?
A : Nitih mobil
G : Kowé ora Ketompo
A : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
A : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
G : Tambah ora ketompo
A : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi !

G : Anakmu akèh opo sithik ?
B : Kathah
G : Kowé ora Ketompo
B : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe anaaaaaak terus
B : Wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
B : Lho, lha kok ... ?
G : Gawe anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawe

G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?
C : Dèrèng
G : Kowé ora Ketompo
C : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyané ?
C : Wo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
C : Lho, lha kok ... ?
G : Kowe rak mung arep keminter, to ?

G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
D : Dèrèng
G : Kowé ora Ketompo
D : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantoré ?
D : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
D : Lho, lha kok ... ?
G : Kowe senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

G : Kowe kerep loro ?
E : Mboten
G : Kowé ora Ketompo
E : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
E : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
E : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.


posted by suket at 10:25 PM


Kagunganipun
Billy Atho
Jogjakarta
jogjaers@hotmail.com
YM : jogjaers

Nguda Rasa

Name :
Web URL :
Message :


Jape Methe


Kabar Lawas
07/07/2002 - 07/14/2002 07/20/2003 - 07/27/2003 07/27/2003 - 08/03/2003 08/03/2003 - 08/10/2003 08/17/2003 - 08/24/2003 08/24/2003 - 08/31/2003 08/31/2003 - 09/07/2003 09/07/2003 - 09/14/2003 09/14/2003 - 09/21/2003 09/21/2003 - 09/28/2003 09/28/2003 - 10/05/2003 10/05/2003 - 10/12/2003 10/12/2003 - 10/19/2003 10/19/2003 - 10/26/2003 10/26/2003 - 11/02/2003 11/02/2003 - 11/09/2003 11/16/2003 - 11/23/2003 11/30/2003 - 12/07/2003 12/07/2003 - 12/14/2003 12/21/2003 - 12/28/2003 12/28/2003 - 01/04/2004 01/18/2004 - 01/25/2004 02/08/2004 - 02/15/2004 03/07/2004 - 03/14/2004 03/28/2004 - 04/04/2004 04/04/2004 - 04/11/2004 04/18/2004 - 04/25/2004 05/02/2004 - 05/09/2004 05/23/2004 - 05/30/2004 06/20/2004 - 06/27/2004 07/11/2004 - 07/18/2004

Credits
miz Graphics
Blogger
Doneeh.Com